CERKAK
Rayna lan Kapten Basket
Oleh: Sri Ningsih (XII IPS 1)
Lagi wae krungu swara bel setengah jam kapungkur, nanging Rayna lagi wae mlebu ing kelas banjur menehi wara-wara.
“Kanca-kanca ana tugas fisika saka Bu Endang, 40 soal saiki dikumpulna.”
Rayna sing nduwe jabatan ketua kelas dheweke uga nduwe jabatan ketua ing organisasi OSIS. Kabeh mripat katan nyeksekake lan ngrungokake apa pengumuman sing disampekake Rayna. Nanging ana salah siji kancane Rayna sing protes.
“Kepriye tah Ray, kok sampean njaluk tugas marang Bu Endang?” protese Rangga
“Aku ora njaluk tugas, nanging aku mau ketemu Bu Endang ing ngajeng BK, dadi aku diwenehi tugas “
“Berarti ora diulang?” takone rangga
Kabeh padha sorak-sorak amarga tandane bakal ora diulang.
Kring...kring...
Swara bel istirahat keprungu, kabeh padha metu tuku jajan lan panganan,beda karo Rayna sing dolanan hp kanggo ngrungokake musik lan mangan bontote. Kanca-kancane padha gupuh lan njerit-njerit amarga ana Kevin, ketua basket lan genge liwat ing ngarep kelase Rayna.
Kevin ngeti Rayna sing nduweni wajah datar lan sadis. Kevin saya suwe penasaran karo Rayna.
Dina iki Rayna budhal isuk amarga piket harian, kahanan isih sepi nanging ana sing ngikuti ing mburine, deweke saya penasaran, dilirik-lirik nanging ora ana. Banjur Rayna melbu kelas tanpa mikirna sapa sing ngikuti ing mburine.
“Wara-wara, kanggo sing melu lomba biologi sakniki kumpul ing perpus.”
Rayna banjur neng perpus kanggo melu pelatihan lomba.
“Kowe maneh.” omonge Kevin. Nanging Rayna meneng wae tanpa disauri omonge Kevin.
“Bu Asti bakal milih Kevin lan Rayna bakal melu lomba biologi”
“Kula kalih Rayna bu?”
“Nggeh Vin, Rayna nduweni pangerten kang apik lan kowe nduweni kecerdasan lan njawab soal sing cepet, dadi ibu mileh kowe kanggo melu lomba”
Rayna amung meneng wae, Rayna iku tipe cewek sing cuek.
“Nanging sakdurunge melu lomba, Kevin lan Rayna kudu melu seleksi ndisek neng sekolah”.
“Nggeh bu” wangsulane Rayna.
“Aku mesti bakal lolos ing seleksi kuwi Ray.” omonge Kevin.
“Buktikna wae sapa sing bakal lulus seleksi sisok” sakwise mangsuli Rayna sing sombong. Dheweke banjur ninggalake Kevin.
Bengi iki Rayna janjian karo kancane Ani lan Sinta yaiku arep melu ngrayakake ulang tahune Devi kancane. Rayna sing ngango klambi pink lan rambut dikepang cilik nambah gawe ayune. Teka ing omahe Devi, Rayna banjur disambut kanthi ramah-tamah.
“Bruk”
“Aduh” swarane Rayna sing kelaranen.
“Sepurane mbak, sepurane”
Rayna isih wae ngelus-ngelus sikile sing emu abuh sitik amarga kena aspal. Banjur wong sing nabrak mau ngelungake tangane kanggo mbantu Rayna ngadek.
“Kepriye, isih lara?”
“Mbuh.., kowe??” wajah Rayna keget ngerti sapa sing nabrak dekne.
“Mangkane tah, nek mlaku diingeti dalane aja wae mendheleng hp” omonge Kevin
“Kowe sing salah, gena kok kowe bengi bengi playan?”
“Iku urusanku” wangsule Kevin banjur ninggal Rayna
Rayna mlaku kanti degluk degluk amarga sikile iseh lara. Kevin sing durung adoh saka panggonan tiba, dheweke balik maneh.
“Pundi sing lara?” takone Kevin
Nanging Rayna tetep wae meneng. Kevin banjur menyang tako tuku handsaplas, lan obat merah kanggo ngobati sikile Rayna.
“Matur nuwun” omonge Rayna.
“Nggeh”wangsule Kevin.
Sesuke berita Kevin lan Rayna wis kesebar ing ngendi-ngendi kanti kakak kelas sing ngerti, ngelabrak Rayna amarga cemburu.
“Dasar cah wedhok giatel, nuakal, ngerayu, arep apa kowe karo pacarku?”
“Pacarmu?” takone Rayna
“Iya, dek bengi lapo wae kowe karo Kevin neng omahe deweke, iling ya Ray, aja maneh nyedhaki Kevin, Kevin iku pacarku” omonge Dinda kakak kelas ketua geng ing sekolah SMA-ne Rayna.
“Kowe uduk pacarku”
“Kepriye ta Vin, selama iki kowe nganggep aku apa?”
“Kowe wis tak putuso, dadi kene wis ra nduwe hubungan, pacarku saiki Rayna. Dadi aja ngelarani Rayna”
Dinda lan genge banjur ninggalake Kevin lan Rayna
“Kowe ngomong ngunukui apa maksudte” pitakone Rayna marang Kevin.
“Ora nduwe maksud apa-apa, aku mung nulungi kowe saka Dinda lan kanca kancane” wangsule Kevin.
Dina iki dina terakhir pelatihan lomba biologi lan sesok dadi seleksi sapa wae sing melu lomba.
Dina-dina kui dadi saksi tumbuhe cinta ing kekarone yaiku Rayna lan Kevin. Sesoke dina Sabtu tanggal 27, Kevin di dadekke calon sing bakal melu lomba biologi lan Rayna gugur ing seleksi.
“Ray ayo melu aku”
“Ing ngendi Vin,aku arep muleh”
“Riluk wae Ray, ing taman kota”
“Nggih Vin”
Kekarone banjur menyang ing taman kota, sak tekane kono Kevin banjur ngungkapne perasaan sing dinduweni marang Rayna.
Komentar
Jadilah yang pertama berkomentar di sini