OPINI

Detail Opini Siswa

CERKAK “Munyuk”

Senin, 19 Mei 2025 14:26 WIB
1887 |   -

Penulis : Arip Prabowo

Wis suwe kamardikanku dirampas. Panganku dicatu. Wis ngono sing diwenehake kurang maregi. Wetengku asring ngrasa kating plilit, keluwen. Gejala mag kayake. Kuwi durung, sing luwih gawe sara, tanpa ngerti luputku, guluku dirante. Najan bisa mlangkah mrana-mrene, gerakku tetep winates sawetara pecak. Mung sadawane rante kang dicencang entuk wit, embuh apa kae. Wohe ijo, gilig-gilig sajempol tangan. Yen lagi usum katon ngrempel kating grandhul, ndemenakake. Rasane? Aja takon.   Ingatase aku — bangsane menungsa ngarani kethek — sing karem woh-wohan wae ora doyan. Tau nyoba sepisan Iangsung kapok. Kecute ngudubilah. Cangkemku nganti muruh, iler meler-meler, mata ndrejes. Aku tau krungu bendaraku celathu, jare kuwi wit blimbing wuluh. Bendara? Sebut wae ngono. Aku ora ngerti istilah liyane kang Iuwih trep. Sing genah — najan patrape ra patiya nggenah — dheweke kuwi kang nguwasani pati uripku. Wonge tegel lan mentalan. Cocog karo potongane. Rai ngluncup, irung mekrok, lambe ireng kandel ngisor ndhuwur. Kakehan ngrokok, beke. Kulit mbesisik letheg, weteng bekel. Alis sakepel, mripate cilik katon licik, persis mata tikus. Ora umuk, isih pakra dhapurku. Wong-wong ngarani rupaku imut. Sapari polahku jare lucu nggemesake, ngundang guyu. Nyatane bendaraku wadon luwih seneng ngelus-lus aku tinimbang nguleng-uleng bojone dhewe. Semono uga anak-anake sing isih cilik-cilik. Gematine nyang aku ora jamak. Saben cekel panganan aku mesthi dilungi ora ketang mung sacuwil. Pisanan biyen aku kober bingung. Panganan sing diwenehake aku mung tak sawang kethap-kethip. Kepiye ora, wong lagi kuwi tumon panganan ngono mau. Bentuke gilig dawa, bolong tengah. Wernane selang-seling soklat kuning, ngelingake rupane ula weling. Mula aku rada ganggam. Bareng tak gegem rada kenceng, jebul mipril. Aku mringis karo kukur-kukur. Weruh polahku, bendaraku cilik ngguyu ngeklek-ngeklek. Dheweke nglolos maneh panganan sing padha saka bungkuse. Alon-alon banjur dilebokake cangkem, dicokot Ian dimamah. Ngono dibolan-baleni nganti entek. Mudheng karepe, aku banjur tiru-tiru. Panganan sing tak cekel gage tak kremus. Rasane Iumayan. Guyih kaya miyi goyeng. Ewadene kanggoku ora ana kang ngluwihi enake gedhang suluh mateng uwit. Utawa, kacang brol seger panenan anyar. Apes-apese tela pohung sing mentas dibedhol ya mathuk, kaya kang kerep diwenehake biyungku. Biyung! Dadakan gurungku krasa seseg. Mataku perih. Lon-lonan aku menyat, mlebu kandhang.  Digawe saka kayu jati landa tilas kothak wadah sabun, kandhangku nemplek neng pange wit blimbing wuluh sing paling endhek. Sewengi kuwi aku nangis kelingan biyungku. Aja dikira mung menungsa sing bisa nangis. Bangsane kethek kaya aku kala-kala uga ngutahake luh. Tak sebut kala-kala, merga kethek lagi nangis krana sebab kang mligi. Beda uwong. Seneng ya nangis, apamaneh susah, mesthi gero-gero gulung koming. Malah ana uga kang mewek-mewek mung kanggo ulas-ulas, nyandiwara. Mula — kaya welinge biyung biyen nalika arep pepisahan karo aku — menungsa iku mbebayani banget, saengga ora perlu disanak awit angel dibadhe sipate. Luwih ganas tinimbang sato galak. Karo mbrebes mili isih cetha wela-wela ing pangeling-elingku wektu biyung ngajak aku golek pangan ngudhuni alas Gunung Merapi.  Mangsa ketiga ngerak njalari wit-witan sing mung kari kesisa sawetara jroning alas padha garing ora uwoh. Kamangka biyen, jare biyung, alas iki jembar tanpa wangenan, rungkut kebak maneka jinis uwit gedhe kang kena dijagakake minangka lumbunging pangan sakehing kewan alasan. Gedhang, jambu bol, jambu kluthuk, dhuwet, manggis, sirsat, kates, nangka Ian isih akeh liyane, awoh gonta-ganti sadawane taun. Mungguha dumadi ketiga dawa, isih ana uwi, gembili, ganyong sarta kimpul.  Lowung kena nggo ngganjel weteng. Mungsuhe bangsaku mung macan kumbang sing seneng ndingkik saka ndhuwur wit-witan. Lupute kuwi ya ula sawa gedhe kang nglimpe nalika kethek-kethek pada ketungkul dhukir-dhukir lemah golek pala kapendhem. Saiki beda kahanane. Wiwit lair cenger ngertiku alas papan dunungku mung kari gegrumbulan pating prenca. Liyane wis gusis dibabadi malih dadi tegal, sawah sarta pomahan. Mungsuhku dudu kewan galak maneh.  Nanging makhluk karan menungsa. Kaya awan iki. Srengenge mangsa ketiga dawa manjer neng tengah. Panase nguntar-untar. Meh telung ndina ora oleh pangan, biyung kepeksa mudhun alas. Jaragan isih bayi aku digendhong, ngetapel kenceng neng wetenge. Tekan tepining grumbul sisih ngisor, wis akeh sapepadhaku kang padha lungguh pating threnguk. Sajake lagi nunggu aba-aba saka kethek tuwa paling prakosa sing mlembar-mlembar pencolotan. Aku mudhun saka gendhongan, lungguh anteng mepet biyung. Rada adoh ngisor kana, kaletan pereng padhas, katon tegalan jagung. Wohe mung cilik-cilik. Klobote kuning pucet semu soklat garing. Lemah bawera sisihe ditanduri kacang brol. Rendenge setengah alum kepanggang panase surya.   Aku mengo nyawang biyung. “Sabar sedhela ya, Le,” kandhane biyung sajak ngerti olehku ngampet luwe. Aku mung meneng kethap-kethip karo ngeleg idu, mbayangake mendah enake mangan kacang sing tak bedhol sauwite. “Sawangen, Le, kae sing jenenge menungsa,” ujare biyung. Panduluku tak lih ngener arah sing ditudingi biyung. Lamat-lamat aku weruh blegere menungsa kang lagi open-open tanduran jagung. Tak bandhingake karo biyungku. Dhuwure kira-kira luwih ping pindhone. Sekujur awake mlunthuh resik tanpa buntut Ian wulu. Mung ana rambut sithik neng ndhase. Yen mlaku lucu, ngiplik jejeg nganggo sikil loro awit tangane cendhak-cendhak. Beda biyungku. Tangane bakoh, luwih gedhe timbang sikil, tur dawa nganti klengsreh Iemah, kena kanggo mbiyantu mlayu kebat ngendhani pangoyake sato galak. “Eling-elingen, Le, sabisa-bisa dohana menungsa,” sambunge biyung.   Dheweke nuli crita akeh-akeh. Jare biyung menungsa paling angel dimangerteni watak wantune. Pepenginane tanpa wates. Paribasan jagad yen perlu diemperi. Semono uga wetenge ora tepung wareg. Sembarang kalir dipangan, ora peduli najan ngrebut utawa nerak hake liyan. “Kesrakahan, keangkuhan tanpa ngenal dhiri mengkono mau ndayani umume menungsa dadi makhluk mbebayani,. ngluwihi singa barong paling galak,” sambunge. Critane biyung, tegalan Ian sawah kana kae biyene uga alas bebondhotan. Mbaka sithik alas mau dibabadi menungsa kanggo tetanen Ian padunungan. “Aku Ian kowe dadi kelangan papan pangumbaran golek pangan.  Mula yen saiki awake dhewe kaliren ora ana salahe apek jagung Ian kacang mrana...,” ucape biyung kandheg ketungka penjerite kethek wirog aweh aba-aba. Biyung agahan nyaut awakku diajak mencolot bebarangen karo kethek-kethek liya semono akehe ngudhuni pereng, kemrosak pindhane barat ketiga.Wong-wong sakal keplayu kamigilan sambi jeIih-jelih. Tegalan ditinggal jedhag. Tanpa mbuwang wektu biyung moklek jagung. Milih sing nom diulungake aku siji. Comak-camuk entek sawetara bonggol, banjur mlembar menyang tegalan sisihe. Mbedholi kacang lagi entuk seprapat larik kedadak keprungu swara rame gumerah.  Menungsa-menungsa tanpa Wilangan cacahe pating jredhul, braok bengok-bengok karo nabuhi gembreng, .. manci, bleg, wacan, kenceng, lan embuh apa maneh. Penthungan sarta pring Ionjoran digawa pating crongat. Kepara ana, sing nyangking bandhil sarta akalung bedhil gotri. Kethek wirog pandheganing rombongan mere sora aweh tengara bebaya. Kethek-kethek andhane sanalika bubar mawut keplayu bali mlebu ngalas. Nanging ketang gugupe akeh sing tubrukan dhewe engga tiba glangsaran. Kalebu biyungku. Kupiya njenggelek tangi, sadurunge kober oncat, biyung gloyoran. Cengele kena bandhil watu sakepel. Ewadene biyung isih nyoba nglumba. Ngepasi kuwi keprungu swara jumepreting bedhil gotri ambal-ambalan. Anggane biyung gumebrug neng lemah. Aku melu tiba kebanting. Panduluku klemun-klemun. Aku krasa awakku digeret peksan. Aku jerit-jerit. Rekane nglawan. Nanging sepira dayane bayi kaya aku.   Wekasane aku uwal saka kekepane biyung. Karo ngathungake tangane biyung nyoba ngangkat sirahe. Katon getih mili saka tatu bolong ing pilingan Ian dhadhane kanan kering. Lebar kuwi uripku mbal tumimbal saka tangane menungsa siji pindhah menyang pawongan liyane. Embuh kepiye nasibe biyungku. Wis mati apa isih urip, aku ora ngerti. Saben mikir ngono tangisku kutah. Rasane lelakon ngrerujit ati kasebut nembe mungkur wingi. Rikala aku dituku dening bendaraku saka saweneh bakul ing pasar kewan, tuwuh pengarep-arep nasibku bakal ketulung. Kasunyatane pancen mengkono. Mung, ora malih kepenak nanging saya tambah sara. Sedina-dina aku disiksa. Guluku dipasangi gelang sing disambung karo rante wesi dawa. Disampirake palang pring dhuwur, rante mau nuli ditarik engga guluku rasane kaya katut modod. Supaya sikilku bisa tetep tumapak Iemah, aku kudu jinjit-jinjit. Jare bendaraku, aku diajari supaya trampil mlaku nganggo sikil loro. Sasuwene aku dilatih, mopi ajeg nunggoni. Mopi kuwi asu kuru ingon-ingone bendaraku. Mengkone aku lagi ngerti yen mopi bakale dadi pasanganku mbarang ledhek bedhes. Mari ngono aku digladhi niteni sawernane aba-aba. Menawa bendaraku ngucap ngene tegese aku kudu mlaku payungan sambi nyangklong tas. Ngucap ngono artine aku dikongkon atraksi numpak sepedha onthel cilik. Lan, pangucap-pangucap seje liyane kang lerege ngabani aku Iungguh kursi, nunggang jaran — sing dadi jarane ya si mopi — Ian atraksi-atraksi liyane. Saben aku ketliweng ora migatekake mesthi kena gitik. Larane ya ampuuunnn.  Sawise dianggep cukup aku Ian mopi digoncengake sepedha motor, diajak mbarang mlebu metu kampung. Bendaraku nabuh tambur, aku main kekiter karo mopi.Sing nonton rubung temu gelang. Enom tuwa, lanang wadon padha ngekek weruh tingkahku. Aku bombong bisa nglipur penonton. Kegawa swasana aku terkadhang dadi nggleleng. Kethek kaya aku iki uga bisa mbagusi, thik! Sengaja tak cedhaki bocah-bocah cilik kang nonton neng ngarep dhewe, kontan buyar pating jlerit. Aku mringis. Durung katog ngrasakake seneng, aku tiba klumah. Rante guluku disendhal seru bendaraku. Kuwi minangka ukuman kanggoku awit wis dianggep gawe wedine penonton.   Ndhisik jaman tanggapan isih rame, bendaraku ajeg bingar. Dhuwite muntel. Ewadene cadhong manganku — uga mopi — tetep kurang nyukupi. Aku sakloron kena ingaranan ora tau melu ngrasakake asil kringetku. Apa maneh mbasan barangan sepi. Ajaa kok tandhak bedhes. Sedhenge ledhek tayub kang bahenol Ian ledhek wayang kulit ayu-ayu wae padha nganggur jalaran seret order. Polatane bendaraku sedina-dina malih peteng butheg njegadul. Rupane sing dhasare pancen wis ala tambah ora pakra. Akibate gampang dibadhe. Jatah panganku saya disuda. Dhek emben mopi akhire mati kaliren. Tak etung-etung wis watara telung taun aku nglakoni dadi tandhak bedhes. Wektu sing tumrapku cukup kanggo luwih ngenal menungsa.   Kampung dununge bendaraku kalebu kumuh. Mapan neng berem kali sing ajeg kebanjiran wayahe mangsa udan. Sawernane wong campur neng kene. Menungsa-menungsa tanpa gaweyan gumathok kang kesingkir saka pasrawungan sosial ekonomi masyarakat kutha. Kanggo kebutuhan ngisi weteng wae direwangi kudu nungsang njempalik. Apa wae dilakoni, ora peduli najan nerak paugeran. Aku mujudake salah sijine kurban uleganing panguripan kang atos iki. Dianggep barang dagangan, aku direkaya ngowahi kodrat engga dadi kethek sing dudu kethek maneh. Murih payu didol Ian ngasilake dhuwit, dening menungsa aku dipeksa mlaku nganggo sikil loro, disandhangi kathok utawa sayak, kang sejatine cengkah karo adat naluriku. Saupama wenang milih mono aku luwih seneng bali urip neng setengahe alas.  Alas, sing mungguhe bangsaku, kuwawa aweh tuladha urip selaras Ian setimbang. Karo biyung biyen, aku diajari carane golek woh-wohan tanpa ngrusak — apamaneh mateni — uwite. Sawernane wiji woh-wohan kang tak pangan mengkone sumebar metu liwat taiku. Wiji-wiji mau bakal trubus subur dadi uwit gung. Proses siklus urip Ian penguripan kang setimbang kasebut mungkinake alas tuwuh ngrembaka. Lestarine alas ora mung wigati tumrap bangsaku. Luwih saka kuwi uga menehi piguna gedhe mrang menungsa. Nanging sapa sing peduli? Terus terang aku wis pepes kelangan pengarep-arep isih ana kang gelem migatekake aku kang jejere mung setengah kethek, lan setengah embuh apa!


Komentar

×
Berhasil membuat Komentar
×
Komentar anda masih dalam tahap moderator
1000
Karakter tersisa
Belum ada komentar.

Jadilah yang pertama berkomentar di sini